Contoh Sambutan Lelayu

Sambutan Lelayu, adalah acara sambutan pada saat situasi duka cita. Dalam tata cara adat Jawa sambutan ini disampaikan dalam bahasa Jawa. Sebagai contoh sambutan duka cita dalam bahasa Jawa adalah sebagai berikut :

Kula nuwun,

Penjenenganipun para pepundhen, pinisepuh, priyagung ingkang pantes kinurmatan, sumrambah dumateng para kadang pamong mitra ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk ing Ngarsa dalem Gusti Ingkang Akarya Jagad, Inggih Gusti ingkang Murba Amisesa saindenging rat pramidhita, dene ing wanci siang punika panjenengan lan kula dipun kaparengaken kempal manunggal wonten ing papan ngriki kanthi kaparingan bagas kuwarasan.
Ing ngriki kula kajibah minangka sesulihipun Bapak/ lbu …………………… saputra wayah ingkang sampun tinilar dening garwa ingkang sanget dipun tresnani ngrumiyini katimbalan marak sowan ing Pangayunaning Gusti Allah ingkang Murbeng Agesang.

Ingkang Sepisan.
Ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami, saha ngaturaken kasugengan sarawuh panjenengan wonten ing ngriki. Menggah rawuh panjenengan ing ngriki, kapareng kasuwun kanthi suka rilaning penggalih karsoa paring pakurmatan ingkang pungkasan dhumateng panjenenganipun Bapak/ Ibu ……………. ingkang sampun kapundhut kondur ing Ngarsanipun Gusti nalika dinten Selasa Kliwon, surya kaping 1 Sura 1920 utawi 1 Januari 1986 wanci tabuh 06.00 enjang wonten ing Panti Mardi Waluya kanthi sae, sesampunipun sawatawis dangu anggenipun nandhang gerah sepuh.
Sanadyan boten kirang-kirang anggenipun mbudidaya amrih waluya temahan jati, jati satemah waluya, parandene sadaya pambudidaya kalawau wigar tanpa dadi. Kados sampun dumugining pinasthi bilih namung dumugi semanten swargi panjenenganipun Bapak/ Ibu …………………. angayahi wajib gesang wonten madyaning bebrayan agung.
Jalaran sampun wonten wewangson bilih “Pambudidayaning manungsa tanbangkit ngungkuli garising Kawasa” Ingkang punika mboten kesupen panjenenganipun Bapak/ Ibu …………………….. ingkang tinilar, ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur dhumateng para sanak sedherek, kadang kadeyan pawong mitra saha tangga tepalih lan sedaya kemawon, ingkang sampun kanthi rila legawaning penggalih sampun kersa aparing pambiyantu ingkang arupi punapa kemawon, wiwit nalika gerah ngantos dumugi pangruktining layon ing wekdal punika.
Mugi-mugi sedaya amal kasaenan miwah sih kadarman panjenengan punika pinaringana lintu saking sih nugrahaning Gusti Allah piyambak murwat kaliyan peparing panjenengan malah kepara anglangkungi.
Mboten kesupen ugi para-para ingkang tinilar dening suwargi nyuwun tambahing pandonga lan pepujinipun para rawuh sedaya, mugi sedaya dosa miwah kalepatan nalika sugengipun pinaringan pangapunten dening Gusti Allah lan pinaringan papan ingkang sakmesthinipun..
Ewadena brayat ingkang sami tinilar ugi tansah enggal pinaringan kekiyatan lahir trusing batos, lila lan narima ing takdir lan saget anglajengaken gesang bebrayan kanthi sae.
Ing wasana gandheng sampun satata samudayanipun, layon enggal badhe kasarekaken woten ing Hastana Giri Laya. Wondene ing pangangkah badhe kabidhalaken saking sasana lelayu mangke tabuh 14.00 siang punika. Ingkang punika mbok bilih panjenengan para rawuh boten wonten pambeng saha dhangan ing panggalih mugi wontena keparengipun nguntabaken tindaking layon ngantos dumugi ing papan palereman ingkang pungkasan.
Minangka panutuping atur, kula ingkang tinanggenah minangka sesulihing brayat, mawantu-wantu anggen kula nyadhong lumunturing sih pangapunten awit saking sadaya kekirangan panampi rawuh panjenengan ingkang mboten jumbuh kaliyan kalenggahan panjenengan kalawau. Mboten kesupen kithaling basa punapa dene kirang trapsilaning atur kula, mugi wontena kapareng paring gunging samudra pangaksami.

Nuwun.