Bahasa Jawa

KALENGGAHANIPUN BASA LAN SASTRA JAWI
A. Tegesing Tembung
Ingkang dipun wastani basa inggih punika :
1. Sarana kangge medharaken gagasan awujud kaklumpukan tembung-tembung. Umpaminipun basa Jawi, basa Indonesia, basa Inggris lan sapanunggalanipun.
2. Unggah ungguhing tembung ingkang mratelakaken ngajeni. Umpaminipun Yen gumenem karo aku ora susah basa.
Wondene ingkang winastan sastra tegesipun kawruh bab endahing basa, bab basa ingkang endah. Ing ngriki mboten naming leresipun ingkang kaudi, nanging ingkang wigatos endahipun. Ugi saged dipun werdekaken kawruh utawi kagunan ingkang sae sanget karana binabar kanthi basa ingkang endah lan edi peni.
Nyinau basa tegesipun nyinau pasrawungan. Uderanipun pasinaon mapan wonten ing ginanipun basa ingkang minangka sarana pasrawungan. Mila saking punika, ingkang wigatos saged ngginakaken basa ingkang gampil katampi dening tiyang sanes kangge lung tinampen gagasan.
B. Tradisi sejarah basa lan sastra Jawi
Basa Jawi kalebet golonganipun perangan kulawarga basa Hesperonesia saking kulawarga basa Malayo-Polinesia. Basa lan sastra Jawi boten saged kapilahaken kanthi tlesih. Mila ngrembakanipun basa jawi ugi mlampah sesarengan kaliyan ngrembakanipun sasustraan jawi. Miturut urutaning wekdal, ngrembakanipun kasusastran Jawi saged kajlentrehaken kados ing ngandap puniko :
a. Basa Jawi Kina
Basa punika kaginakaken ing prasasti-prasasti kraton ing jaman antawis abad ka-8 ngantos abad ka-10. Cara nyeratipun kaukirangaken ing sela utawi perunggu kanthi migunakanen basa kados ingkang kaginakaken ing karya sastra kina abad ka-10 ngantos abad ka-14. Saperangan ageng kapanggihaken ing Jawi Wetan. Namun saperangan alit ingkang pinanggihaken ing pasrawungan padintenan.

b. Basa Jawi Kina ingkang kaginakaken ing kasusastran Jawi-Bali
Basa punika tinulis ing Bali-Lombok wiwit abad ka-14. Awit agami Islam mlebet ing Jawi Wetan, kabudayan Hindu Jawi lumengser dating Bali lan ngrembaka ing abad ka-16 ngantos dumugi abad kaping 20. Nanging pranyata beda kaliyan basa Bali panditenan samangke.

c. Basa ingkang kaginakaken ing kasusastran Islam ing Jawi Wetan.
Basa punika kaginakaken nalika ngrembakanipun kabudayan Islam ing sakanan keringipun lepen Brantas lan iliripun lepen Bengawan Solo. Wekdalipun wiwit abad kaping 16 ngantos dumugi abad ka-17.

d. Basa kasusastran kabudayan Jawi-Islam ing pesisir.
Basa punika ngrembaka ing punjering kabudayan Islam ing pakithan pantai Ler tanah Jawi. Ngrembaka abad ka-17 – 18 ingkah sepuh sinebad Pesisir Wetan ( Demak, Kudus, Gresik). Dene ingkang enem sinebat Pesisir Kilen (Cirebon).

e. Basa kasusastran ing Kraton Mataram
Basa ingkan dipun ginakaken ing kagunan sastra para pujangga kraton Mataran (18-19). Kasusastran punika mapan ing laladan Jawi Tengah (Madyaning ardi Lawu, Merapi, Merbabu)

f. Basa Jawi wektal samangke
Basa punika mujudaken basa ingkang dipun ginakaken pacelathon bebrayan Jawi, pustaka cinithak, lan ariwarti, sarta kaliwarti basa Jawi ing abad ka-20. Tiyang jawi wekdal samangke saperangan ageng nyerat ngagem aksara Latin. Beda kaliyan saderengipun ingkang ngginakaken aksara Jawi (Dewanagari) lan aksara Arab Pegon.

Tinggalkan komentar