RENGGEPING WICARA


Renggeping wicara ing jagading kapanatacaran jawi, kajawi uba rampenipun basa taksih dipun wewahi tatanan basa kebak kaendahan, tuwin kabudayan jawi ingkang sakestu Adi lan Luhur sanget, satemah kuwawi handudut kawigatosanipun sedaya pawongan ingkang mapan wonten ing samadyaning pasamuan utawi pahargyan resmi.
Renggeping wicara utawi renggeping basa antawisipun mekaten : Wicara saged pun wastani basa lesan utawi basa ingkang dipun ucapaken, dene renggep saged dipun wastani jangkep. Tembung jangkep mengku werdi nut tataning basa jawi wujud paramasastra. Dados renggeping wicara inggih menika basa ingkang dipun kedalaken/ucapaken kanthi tinata dening paramasastra jawi, satemah maujudaken pawicaran kanthi tetembungan ingkang maton, pas saha leres dhapukanipun basa. Renggeping wicara rapet sanget kaliyan raos, pramila guneman basa jawi utawi pirembagan jawi sagen dipun wastani Basa Raos. Tegesipun basa ingkang linambaran raos pangraosing manah. Dhedapukanipun tetembungan jawi kanthi tinatanipun pisan mawi paramasastra lajeng dipun lambari kanthi raos pangraos manah ingkang alus saha resik, badhe mahanani wujuding wicara ingkang sae sanget, menapa punika wicara kanthi ngoko utawi krama ingggil. Dudutanipun wicara gunem basa jawi tanpa tatanan basa nut paramasastra, saha tanpa linambaran dhedhasaring raos pangraos, mboten saged dipun wastani basa ingkang renggep.
Raos pangraos salebetipun manah kangge ngladosi wicara ingkang winedharan, antawisipun : pangatos atos murih boten lepat, pangatos atos mboten nyerikaken manahipun tiyang sanes, saged damel remenipun piyantun ingkang mirengaken saha pangatos atos pamilihipun tembung kanthi maton, mapan, pas, jujur, prasaja. Perlu kauningan ugi bilih Renggeping Wicara ugi mboten saged uwal saking babagan unggah ungguh basa, unggah ungguh patrap utawi sikep pribadi, tata susilo utawi tata krami inggih sinebat suba sita.

Tinggalkan komentar